ILMU KARATONING WALI PITU

”Iki Ilmu Karatoning Wali Pitu, waris saka panjenengane para wali kang pada sumare ing tanah Jawa kabeh.

Kang dingin, waris saka Ingkang Sinuhun Ngampeldenta
Waris saka Kanjeng Susuhunan Benang
Waris saka Kanjeng Susuhunan Prawata
Waris saka Kanjeng Susuhunan Lepenjaga
Waris saka Kanjeng Susuhunan Adi
Waris saka Kanjeng Susuhunan Kudus
Waris saka Kanjeng Susuhunan Bagadas

Ilmu kadadekake siji, mung kajumput kang luwih prelu bae, kabeh padha nganggo kawitan. Bismillahirrachmanirrakhimi. Ing ngisor iki ilmu-ilmune.

IKI PANUWUN TETEPING IMAN
“Jati pralina urip ing rahina, tunggangane sang buwana, syati saelah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen sadina sawengi, ila masaalah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen salawase”

KAWRUH MARANG PANUWUN
“Bumi camretan kasiya ginantang ing jalantara, sirnaning raga ilang nurja ilang, ilang karsaning Allah”

IKI MARANG KAWRUHE NGAURIP
“Wajib badan pasrahena ing leburen, rehina dadekna ati wajib, kalbine ing leburen atinira, dadekna roh wajib, bulpasraha nuli lembut, rahina wengi sirnaning badan, rokhani sifat leburen, atinira dadekna wahyu, den kasebut pangan tulis”

UGA KAWRUHING NGAURIP
“Papan lebur tulis ilang, apa kang jumeneng dzat utlak, chak ing piyambake”

KAWRUH MARANG PAMUJI
“Asasahu la ilaha karnuhu. Muhammadan Rasulullah sallallahu alaihi wasalam”

UGA MARANG PAMUJI
Allahu masaallah, ya Allah. Ya alam, ya kun la khaula wa la kuwwata ila billahil alayyil adiim”

IKI MARANG KAWRUH
Sechuallah ing ngarepku, walinullah ing buriku, aminullah ing tengenku, senurullah ing kiwaku”

IKI PEPUJIAN
“Siksa Allah, amit aku lan anakku lan rakyatku kabeh, aturu sadina sawengi, insya Allah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen sadina sawengi, iya masaalah aku lan anakku lan rakyatku kabeh, reksanen salawase”

IKI KALIMAH LORO
“Caya caya mur caya, cahyaning Nabi Adam, mulane ana lanang wadon teka, Babu Kawa sakatahing caya preg mendeng ing cahyaku, la ilaha ilallahu, urip ing dewekira

IKI LANGIT LAPIS PITU
Gedonging suksma, pasebaning enur suksma mulya

IKI KHAKULLAH
Kala masa Allahu, ora ana nefsune, karo Allahu ora ana nabine, karo rabbahu ora ana rohe la ilaha ilalallahu ora ana pangerane

IKI PIKUKUHING SARIRA
“Kulhu balik ambekta Jabarail luputena pancabaya kulhu balik kulhu balik”

PURBA KARO WASESA
“Ashadu ing ananingsun, kebanuk ing araningsun”

TETULAK MARANG PIALA UTAWA MARANG WISA
“Tulak daya balik, luput kang dinaya kena kang andaya, jahil jahilullah sapa jahil dadi satruning Allah, tutup kunci mata kalbu, Ia ilaha ilallah, Muhammadar Rasulullah” (Pasa mutih 7 ndina 7 wengi, diwaca kaping 100)

IKI PANGASIHAN
“Puter giling mungguh ing giri wisesa, anuruhaken sarining bayu, guruning pangucap, guruning paningal, guruning pamiyarsa, guruning rasa, iya rasa iya rasul, ya Allah, ya Muhammad, roh idlafi ratuning nyawa sakelir, rohe sang prabu sumuyuda maring rohku, roh sumuyuda maring rohe sang prabu, sang prabu yen ningali yen angrasakaken maring rohku, teka welas teka asih maring aku, la ilaha ilallah, muhammadar rasulullah saw”

IKI PANGADEPAN KARO PANGASIHAN
“Puter giling mungguh ing giri wisesa, anuruhaken sarining bayu, guruning pangucap, guruning paningal, guruning pamiyarsa, guruning rasa, iya rasa iya rasul, ya Allah, ya Muhammad, roh idlafi ratuning nyawa sakelir, rohe wong sajagad pada sumuyuda maring rohku, roh sumuyuda maring rohe wong sajagad, wong sajagad yen ningali yen angrasakaken maring aku, pada idep tetep wedi welas asih marang aku, preg mandeg ing ngarepku la ilaha ilallahu urip ing dewekira”

IKI PANGADEPAN KARO PANGASIHAN
“Puter giling mungguh ing giri wisesa, anuruhaken sarining bayu, guruning pangucap, guruning paningal, guruning pamiyarsa, guruning rasa, iya rasa iya rasul, ya Allah, ya Muhammad, roh idlafi ratuning nyawa sakelir, rohe wong sabrang sumuyuda maring rohku, roh sumuyuda maring rohe wong sabrang, wong sabrang yen ningali yen angrasakaken maring aku, pada idep ngarepku aku, la ilaha ilallahu urip ing dewekira”

IKI PANGADEPAN MARANG KAWULA LAN KUTU KUTU WALANG TAGA
“Sechullah ing ngarepku, walinullah ing buriku, aminullah ing tengenku, senurullah ing kiwaku, ana kabeh wedi menyang aku”

PANGADEPAN SAWARNANING LELEMBUT
“Allahumma bahung kulon, malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung wetan malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung kidul malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung lor malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung ngisor malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, Allahumma bahung ndhuwur malaekat satus punjul papat, kang rumeksa ing awakku, awakku ing anakku ing rakyatku kabeh, la ilaha ilallah muhammadar rasulullah. (menawa ngapalake ora kena cedhak bocah cilik)

IKI PANGADEPAN KARO KAROSAN
“Gelap sayuta pangucapku, buta salekta ing swaraku alad alad ilad ilad ing jenengku, gunung rubuh segara asat, nyep aku jati wisesa purba mulya langgeng”

IKI PANGAGEMAN
Allah, Pangeran, iya Ingsun

IKI MARANG KAWRUNG PANGAGEMAN
“Badaningsun sir, nyawaningsun cipta, napasingsun rasa, iya ingsun kang jumeneng hidayatullah jengengingsun asmaning dzat, sifatingsun amarullah, nur rahmatullah, iya Ingsun azal kodratullah, kang suci tetep ing bumi suci, manik maya putih, manik maya suci, manik maya langgeng, Allah uripingsun, Ahmad nyaningsun, Rasulullah rasaningsun, iya badan iya nyawa, Iya Allah, Iya Ahmad Iya Rasulullahu alaihi wassalam”

ASMA DZAT KODRAT AF’AL
“Bismillahirrahmanirrahimi, hu iya Ingsun Sajatining Urip”

SALAT DAIM
Ana rasa sajroning obah, ana obah sajroning polah, Ingsun Polahe Allah”

SALAT MUTLAK
Ya ingsun Ila ning, Ingsun ning ing Allah

SALAT KUSTA
Sang ireng meneng osik pangrasane Sang eneng, meneng sajatining angrasa, Ingsun sajatining angrasa”

SALAT ISMU ALAM
“Metu murub Rasulullah, urub-uruh Dzatullah Allah mosik sajroning ati, Allah mobah sajroning ngrasa ya rasa ya Rasul, ya Rasul, ya Rasul

SALAT BATIN
“Adegku manusa kurda, rukukku jati sampurna, sujudku wujuding suksma, lungguhku barenging nyawa gleger jager wangsul nugraha”

SALAT WUJUD NING
“Ana ning sajroning eneng, ana ning sajroning langgeng, Ingsun dzating langgeng”

Comments

Popular posts from this blog

Mantra hipnotis merangsang wanita jarak jauh dan dekat paling ampuh

Mantra mrmbuat Orgasme wanita

Ayat Pucuk APi Neraka Jahanam