AMALAN-AMALAN DALAM WASHIYYATUL MUSTHAFA
Ki Ageng Mantyasih hammadzn@gmail.com Allahumma shalli wa sallim ‘alaa
Sayyidina wa maulana muhammadin
‘Adadama fi ‘ilmillahi sholatan
Daimatan bidawami mulkillahi
Bismillah ngawiti anggonku ngaji
Kanti nyebut asma Gusti kang suci
Allah kang Moho Welas tur Asih
Sholawat salam kanggo Nabi kekasih
Ikilah wasiyate Kanjeng Nabi
Marang shohabate, baginda ‘Ali
Kapetik saking kitab kang mulya
Kanti aran washiyatul musthafa
Kulo muji ngarsaning Gusti Allah
Tawasul marang Kanjeng Rasulullah
Fatihah kagem kang nyusun kitab
Imam Sya’roni, satunggaling wali quthab
Dikisahke ing sawijining dina
Marang ‘Ali, Kanjeng Nabi Ngendika
“He Ali, panggonanmu nang sisihku
Kayadene, Harun neng sisi Musa”
“ Temen ingsun, wasiyat marang sliramu,
Kanti wasiyat, nek sira iso njogo
Mongko siro uripe bakal mulya
Mati siro bakale entuk syahid
Mbenjang ana ing dina kiamat
Gusti Allah bakal mbangkitna siro
Wonten ing golongan tiyang kang faqih
Ugo wonten golongane ulama.” (Petikan Pembuka...